Teja Koran
Babak 1
Katon
ngejejer omah-omah kang apik ing perumahan. Kabeh katon resik lan rapi. Teja
lumaku ing dalan kono. Adol koran. Dheweke terus lumaku lan mandheg sadhela ing
ngarep omahe Yoyok.
Teja :
“Koran, koran...!”
Yoyok : “He ...! (mlayu metu saka omahe) Tuku
korane, siji pira?”
Teja :
”Murah, Mas. Saeksemplar mung limangatus rupiyah.“
Yoyok : “Oh, ngono. Iki dhuwite ...!” (ngulungake dhuwit atusan ewon salembar)
Teja :
“Wadhuh, dhuwite gedhe temen...! Ora ana susuke, Mas!”
Yoyok : “Ra papa! Peken bae susuke!”
Teja :
“Maturnuwun lho, Mas! Iki korane.”
(wenehake koran marang Yoyok)
Yoyok : “Ya, wis ...! Gek ngalih kana! Aja
suwe-suwe neng kene!”
Teja banjur mlaku ninggalake papan mau.
Babak 2
Katon
lingkungan kang reged lan mambu. Uwuh pating bececer aneng ngendi-endi. Ya ing
lingkungan kang kaya mangkono iku Teja karo ibune manggon. Nalika iku Teja
mulih dipapagake ibune, Bu Murni.
Bu Murni: (Cepet-cepet
metu saka omah) “Kowe wis bali, Teja?”
Teja :
(Mlebu omah bareng Bu Murni) “Enggih,
Bu. Dinten punika kula angsal arta kathah.”
Bu Murni: “Wah, sip tenan yen ngono. Endi
dhuwite, Ja?”
Teja :
(Karo njupuk dhuwit saka sake)
“Punika, Bu.”
Bu Murni : “Hah! Akeh tenan iki!” (Gumun
semu kaget)
Teja :
“Bu, wau wonten anaknipun tiyang sugih tumbas koran, artanipun atusan ewon,
kula boten gadhah susuk, e... susukipun kaparingaken.”
Bu Murni : “Wah apik tenan wong kuwi! Wis
ngomong maturnuwun kowe mau?”
Teja :
”Sampun, Bu. Ananging sombongipun boten ngiyati. Bibar ngelungaken arta, kula
lajeng dipunken kesah.”
Bu Murni : “Oh..., ngono ya! Tibake wong sugih
ing ngendi-endi padha bae. Wong cilik kaya awake dhewe iki pancen kudu sabar,
luwih-luwih yen ngadhepi wong gedhe.”
Teja :
“Sampun, Bu! Boten sisah dipunlajengaken. Ngrembag sanesipun kemawon, mangke
mindhak nambah-nambahi dosa.”
Bu Murni: “Bener, ya, Ja.
Yen pancen karepe wong mau mangkono ya wis. Ya wis, gek ndang adus kana!”
Teja : “Inggih, Bu.” (Ngadeg banjur mamburi)
Babak 3
Yoyok
duwe pit anyar. Dheweke mubeng-mubeng kampung
semu pamer. Kawuningana yen ing dalan iku akeh kang arane polisi tidur. Amarga kurang pangati-atine, Yoyok tiba
kejungkel saka pite.
Yoyok : “Adhuh ...! Awakku kok lara kabeh iki!”
(Ing sacedhake kono ana Teja)
Teja : (nyedhaki
asaling swara) “Ana apa kae? Kok kaya ana wong sambat
kelaran!”
Teja : (Bareng wis cedhak) “Loh ..., Yoyok!” (Cepet-cepet Teja nulungi Yoyok)
Yoyok : “Tulungana
aku! Kowe sapa embuh aku ora ngreti. Pandelengku ora cetha. Aku gawanen menyang
rumah sakit. Mengko kowe dakopahi, sajalukmu pira dakturuti!” (semaput)
Teja banjur mbopong Yoyok
menyang rumah sakit.
Babak 4
Sidane Yoyok
digawa menyang rumah sakit. Sirahe diperban, sikile digibs. Lemah-lemah ana
bangsal ditunggoni dening ibune.
Bu
Mirna: “Walah ..., Yoyok ..., Yoyok! Suk maneh kuwi yen numpak pit sing ngati-ati. Begja
dene ana Si Teja sing nggawa kowe menyang rumah sakit.” (nyemoni)
Yoyok : “Apa, Bu? Aku tiba banjur Teja sing nggawa
aku mrene?”
Bu
Mirna: “Iya,
Yok. Bener mangkono kok!”
Yoyok : “Endi, Bu saiki Si Teja? Aku pengin ngomong
marang dheweke.”
(Bu
Mirna nyeluk Teja kang lungguh ana jaba. Ora let suwe Teja mlebu kamar rumah
sakit iku)
Teja : “Ana apa,
Yok?” (lungguh)
Yoyok : “Ja...
sasuwene iki aku tansah ngasorake sliramu. Aku njaluk pangapuramu sing
saakeh-akehe.” (ngulungake tangane tengen
ngajak salaman)
Teja : “Walah! Sanadyan kowe ora njaluk ngapura,
wis dakapura wingi-wingi kok ...!” (nampa
tangane Yoyok)
Yoyok : “Daktrima banget lho, Ja! Maturnuwun banget. Yen ora ana kowe nalika samana,
bokmanawa aku wis embuh dadine.”
Teja : “Iya. Padha-padha. Yen nalika samana kowe
ora menehi dhuwit luwih saka regane koran, bokmanawa bae aku ora bisa
nyarterake mobil kanggo ngeterake kowe menyang rumah sakit iki...”
No comments:
Post a Comment